Warta
Sasi Juni tekan Agustus adate kutha Jogja akeh ditekani dening para wisman lan wisnu alias ‘wisatawan mancanegara’ lan ‘wisatawan nusantara’. Kabeh papan wisata sing wis kondhang apadene papan-papan wisata ‘alternatif’ padha ditekani dening para ‘turis’ sing kepengin wisata ing Jogja. Wisatawan nusantara racake bocah-bocah sekolah sing lagi padha darmawisata ing pungkasaning taun. Dheweke teka kanthi rombongan saka jaban kutha Jogja, sing adate saka tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur, Jawa Barat, Jakarta, lan Banten. Malah ana sing teka saka jaban pulo Jawa, kayata Sumatra, Bali, Madura, lan pulo-pulo liyane.
Ing Jogja dhewe saben taune tansaya akeh papan wisata anyar kanggo plesiran para wisatawan, kayadene desa wisata, wisata budaya, wisata kuliner, lan sapanunggalane. Saliyane iku papan-papan wisata sing wis kondhang uga tansaya dikebaki dening para wisatawan, kayata Kraton Kasultanan, Pura Pakualaman, Pesisir Parangtritis, Candhi Prambanan, apadene Kebon Kewan Gembira Loka. Ing sadhengah papan ing sasi-sasi iku uga ora tau leren ana kegiyatan-kegiyatan budaya lan seni sing dianakake dening instansi pamarintah, masarakat, utawa paguyuban-paguyuban. Malah ing sasi Juni iki uga ana kegiyatan Festival Kesenian Yogyakarta (FKY) kaping selikur kang digelar wiwit tanggal 7 Juni tekan 30 Juni sesuk. Cekake Jogja pancen cocog minangka papan kanggo plesiran.
Mung emane, kanthi akehe para wisatawan saka jaban kutha mau ndadekake dalan-dalan ing Jogja padha macet amarga dikebaki dening bis-bis gedhe kang cacahe atusan. Kamangka dalan-dalan ing Jogja racake ciyut-ciyut. Durung maneh dalan-dalan ing Jogja uga dikebaki dening jinis kendharaan liyane kayata, andhong, becak, pit, sepedha motor, mobil, lan liya-liyane. Saliyane iku, isih akeh warga Jogja dhewe sing padha manfaatake aji mumpung, kayata ing tarikan parkir bis sing bisa nganti sepuluh ewu utawa luwih, ngedol barang kanthi rega larang banget, apadene numpak becak kanthi rega kelarangen. Aji mumpung kang kaya mangkono mau kudu dilereni dening warga masarakat. Semono uga pamarintah kudu bisa gawe aturan sing cetha supaya ora ngrugekake para wisatawan.
Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono